Beranda Cerita Ngapak Maskapi Bralink Air

Maskapi Bralink Air

0
409

Nembe baen launching pesawat anyar jenenge “Bralink Air” sing banget-banget fanatik kedaerahan. Pas arep penerbangan, pramugarine aweh instruksi kaya kiye:”Dulur-dulur penumpang, dela maning kapal mabur arep mabur. Sadurunge, nyong karo pramugrari liyane agep nidokna carane ngadepi keadaan darurat. Klambi plembungan ana nang slesepan ngisor jok, dienggo dong kapal mabur mandeg nang duwur segara.”

“Carane njukut klambi sekang slesepan terus dienggo, tarik taline ben klambine mlembung, sangkane rika ora pada klelep nang segara. Ati-ati aja dibeset mengko klambi plembungane modol-modol terus sampeyan bisa modar. Selang karet didamu ben lampune kerlip-kerlip dadi bisa dideleng sekang kadohan. Klambi kuwe aja dicolong utawa digawa balik, angger konangan bisa ditempiling rika.”

“Motor mabur kaya kiye ana nem lawange, loro nang ngarep, loro nang sewiwi, terus loro maning nang mburi. Angger pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen sekang loteng. Angger masker mecotot, gagiyan dienggo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi. Semene pengumuman sekang enyong, angger pan maca majalah apa Koran, kuwe ana nang slesepan jok ngarepe rika kabeh. Angger agep mutah nganggo plastik nang ngisor jok. Aja janji mutah koprat-kaprit njijeni temenan, inyong sing repot ndadak ngresiki ana apa.”

“Angger pan nguyuh jumblenge nang mburi. Aja nguyuh karo udud, kapan konangan diuyuhi sisan. Aja ngising disit ya.. nek mabur, mbokan taine nibane ndase wong-wong sing nang pasar, Nek kebelet banget ya sabar ndisit nang bandara bae ya.. mengko nek mudun. Aja nguyuh nang jumbleng ngarep, kae jumblenge wong sugih..”

“Wis lah..cangkeme teol, moga-moga slamet waras bregas bisa mudun maning. Kaya kuwe bae ya, suwun.. Oh iya, njaluk pangapurane ya, mbokan ana sing nggawa mendoan utawa ondol, tulung aku njaluk saanane, inyong ngelih banget awit mau urung mbadog.” Klilan.