Separag-parage Saino

0
284
1)) PLAJARAN BIOLOGI
GURU : “Saino… Neng iring ngendi dununge Jantung…?”.
SAINO : “Mboten ngertos, Pak…!”.
GURU (kesuh) : “Metu bae nganah…!!!”.
*Metu sedhela, njutan mlebu maning*
SAINO : “Pak, teng njawi nggih mboten enten Jantung…!”.
GURU : %$%@??*% nguntal kapur
2)) NGGARAP PR
GURU : “Kenangapa telat…?”.
SAINO : “Kula nembe kemawon kecopetan, Bu..!”.
GURU : “Lha Ko kepriwe…?. Ora papa mbokan…?”.
SAINO : “Pangestunipun mboten napa-napa, Bu…!”.
GURU : “Apane sing ilang?”.
SAINO : “Buku PR Kula, Bu…!”.
GURU : %$%@??*% ngeplok setip
3)) KELALEN PLAJARAN
GURU : “Sapa sing kemutan plajaran minggu wingi..?”.
*amleng*
GURU : “Saino…?. Ko kemutan…?”.
SAINO : “Mpun lah Bu, ingkang sampun nggih ampun dipun enget-enget malih…!”..
GURU : %$%@??*% nglethaki bolpoin
4)) NURUN
GURU : “Saino, aja nurun…!”.
SAINO : “Mboten, Pak”.
GURU : “Lha njutan miki lingak-linguk meng Karsih, ngapa…?”.
SAINO : “Niki soal-soalipun koh ketingalipun sami, Pak. Dados kula namung badhe nyocogaken jawabanipun mawon…!”.
GURU : %$%@??*% ngrikiti blabag
5)) RUBESAN
GURU : “Ya wis, sapa sing teyeng njawab, olih bali…!”.
*Saino mbalangna tas liwat jendhela*
GURU : “Sapa sing miki mbalangna tas meng njaba…?”.
SAINO : “Kula, Bu…!. Ihiiirr… Inyong olih bali…!”.
GURU : %$%@??*% mamah-mamah taplak
6)) UDUD
WARSiH : “No, Ko lha ujarkua udud bae lhooo…!”.
SAINO : “Kenangapa si angger udud bae…?”.
WARSIH : “Apa enggane ora wedi mati..?”.
SAINO : “Ora usah bingung, inyong sangu REK ikih… Ari mati ya gari desumed maning koh…!”.
WARSIH : %$%@??*% ngrikiti sandhal
7)) WULANGANE RAMANE
GURU : “Saino, sewise 7 pira…?”.
SAINO : “8, 9, 10, Bu”.
GURU : “Pinter…!. Sapa sing ngajari?”.
SAINO : “Nggih ramane Kula, Bu…!”.
GURU : “Njutan sewise 10 apa, jajal..?”.
SAINO : “Jack, Queen, King, Bu…!”.
GURU : %$%@??*% nyokot garisan
8)) RAMANE WANTI-WANTI
RAMA : “Saino, pendheken ari UAN sing siki Ko kosi gagal maning, wis ora usah wawuh kambi Ramane…!”.
……….*Sebubare UAN* ………
RAMA : “Saino, kepriwe kasile UAN…?.
SAINO : “Ngapura, rika kuwe sapa ya…?”.
RAMA : %$%@??*% nguntal mbako
He… he… he…
grin emoticon grin emoticon =))
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(de-olah lah de-Banyumasaken sekang status neng Grup tangga)
*separag-parage : tingkah lakunya
Tanjung Balai Karimun KEPRI, Setu Wage 12 September 2015
Copas sekang postingane kang Agus Waluyo