Tahun ajaran anyar wektu perkenalan murid-murid anyar. Bu Guru sing ayu, takon maring anak murid wadone:
Guru : Sapa jenengmu, nduk?
Murid : Bu Guru pareng nyeluk kula Dita, menawi teng griyo biyunge kula biasane nyeluk jeneng kula, Leni, Bapake kula nyeluk kula Rara. Nawi rencang-rencang kula nyeluk kula Fia.
Guru : Wah, celukane ko apik-apik ya, mesti jeneng lengkapmu apik banget. Wong tuamu pinter aweh jeneng.
Murid : (mesem-mesem)
Guru : Jan-jane jeneng lengkapmu apa nduk?
Murid : DITALENI RAFIA, Bu Guru …
Guru : @#@%^***#*$#&$
GUBRAK!!! Bu Guru njundil, nabrak kursi. Hehehe..





















