Beranda Cerita Ngapak Polaeh RIJO & RIKUN : NUMPAK LIFT

Polaeh RIJO & RIKUN : NUMPAK LIFT

1
430
kasirin

Critane Rijo karo Rikun arep tilik sedulure sing agi de rawat neng rumah sakit,
Tekan rumah sakit Rijo takon maring suster sing agi njaga neng nggon resepsionis,
Ujare Rijo,,,,sus pasien sing jenenge Daplun de rawat neng endi ya,,,???? Sustere semaur ,,,oooohhhh neng lantai papat mas,liwate lift sebelah ya,,,,

Rikun karo Rijo mlaku meng lift,pas mlebu lift Rijo karo Rikun nyopot sandal sing agi de nggo,lhaaa pas tekan lantai papat lift mbukak,Rijo karo Rikun clingak clinguk nggoleti sandale,,,,
Rijo takon meng Rikun,,kun deneng sandale pada ilang maring endi ya,,,,
Rikun nyauri,,,,lha wong nyong be bingung koh,,,sandal sing tek nggo anu sandal nyilih maning jo,,,,ketempuan kiye tah jo,,,,

Oaaaalaaah wong mlebu lift kaya arep mlebu mushola ndadak nyopot sandal mbarang,,,,

[Oretane : Kasirin KP]