Beranda Cerita Ngapak Ciri-cirine Wong Purbalingga

Ciri-cirine Wong Purbalingga

3
709

Kiye ana tanda-tandane nek rikane wong Purbalingga, nek ana siji utawa lewih tanda-tanda kiye ana neng awake rika, berarti ya rikane mesti asli wong Purbalingga, utawa turunane wong Purbalingga. 
Jajal hayo pada didheleng bareng,..

Wong Purbalingga biasane :
1. Rokoke ‘Klembak Menjan’.
2. Angger mudik Purbalingga, numpake bis Sinar Jaya
3. Angger mudik sekang Jakarta sing digoleti sroto, tempe bungkel utawa mendoan
lan buntil
4. Nek bar mudik, trus mangkat maring nJakarta maning sing digawa lanthing, karo
kripik, mino Lly
5. Sore-sore bojone gipyak nyiapna kopi, Limpung utawa cimplung.

6. Angger esuk weruh tanggane liwat nggawa pacul, tetep bae takon, “Rika arep
maring ngalas apa kang ?”.
7. Biyunge ming pasar, mesti nggawa olih-olih ciwel karo grontol utawa gethuk
8. Angger Esuk-esuk mruput tangi turu, sing digramaki HP nggoleti ndelengi Facebook
Group Papeling
9. Esuk-esuk senengane mlaku-mlaku nggolet srabi utawa mendoan anget
10. Angger ngerti kancane nglomboni, terus njawab, “Alaaa…mitro…mitro…”.

11. Nek ana dayoh, suguhane badheg, gethuk, limpung utawa cimplung.
12. Plesirane maring Owabong utawa Guwa Lawa, sangune lonthong kr mendoan
13. Angger pacaran senenge ming gua lawa, nggolet sing sepi sih
14. Ngarani Purbalingga jere ‘Braling City’.
15 Pahlawan kebanggaane Jendral Sudirman.
18. Plester umahe kotor coretan bekas nggo dolanan dam-daman karo sunda manda
20. Angger listrike mati jere ‘listrike anjlog’.

21. Tanggal nom becere maring Toko ABC.
22. Nang mobil utawa motore, mesti ana tulisane “PAPELING “utawa “BOCAH
PURBALINGGA”
23. Bemper Motor utawa Mobil mburi gambare kudi utawa bawor
24. Angger arep bada, becere ming Pasar Segamas
25. Angger arep janjian, mesti milih nang alun-alun

Angger sampeyan krasa cocog karo salah siji sing nang nduwur kuwe, bisa dicurigai nek sampeyan wong Purbalingga utawa turunane he…he…he…