Beranda Cerita Ngapak Ana Maning Modele Wong PAPELING

Ana Maning Modele Wong PAPELING

1
1953

Biasane angger inyong ngrungu tembang banyumasan biasane ane tuture “Ana maning modele Wong Purbalingga, najan tua tapi orang kurang reka” angger ning kene tek gawe judul Ana Maning Modele wong Papeling, unggal minggu mesti ana tandange.

“Apa iya kang Eno”, jere mbekayu Tiwen.
“Tela iya koh Yu Tiwen” Semaure kang Eno.
“Lha kepriwe sih?” , Yu Tiwen penasaran.
“Dina Minggu wingi kae Ketum’e PAPELING kosi geleng-geleng”, Semaure Kang Eno.
“Geleng-geleng anu kepriwe, anu sirahe mumet apa lagi wirid?”,Yu Tiwen tambah penasaran.
“Lha ora geleng-geleng kepriwe, korwil PAPELING kuwe ana sanga, minggu wingi tanggal 15 September 2013, saking semangate wong PAPELING, ana papat korwil sing nganakna kegiatan”, Kang Eno mulai nyrocos.

“Korwil Bekasi-Cikarang utawa BECIK, Touring maring Curug Cigentis bareng-bareng, kayane malah ana wong 38 sing teka, terus Korwil Jakarta Timur ya nganakna kumpulan & Silaturahmi, Korwil Jakarta Utara (Jakut) tanding futsal karo Korwil Jakarta Barat (JakBar)”, Kang Eno Ngromed.
“Lha Ya ora papa mbok kang, malah dadi semanger, kegiatane modele beda-beda lan suasanane ya rupa-rupa tapi sing penting mbok Guyube, Rukune ya kang? Sing penting kan kegiatane positip. Angger guyub rukun karo kegiatan positip kan tambah semanger lan dideleng wong ya marakna seneng, pokoke mengini lah”, Mbekayu Tiwen lewih nyrocos.
“Iya Yu bener rika, deneng pinter ya rika?”,Kang Eno ngalem.

“Rika ngalem ana karepe apa?”,semaure Yu Tiwen.
“Ya hora lah Yu, inyong kan ngomong sebener-benere, kadingaren rika pinter apa wis mangan sekolahan?”, Kang Eno Takon.
“Lha rika maning, ngalem tapi ngelemna lah. Wis lah .. mayuh bali dhisit, arep ngromed ning dalan sangkane bisa ndopok lewih mbleketaket”, Yu Tiwen pamit maring Kang Eno.
“Ya mangga Yu, sing ngati-ati yah, angger tiba ya menyat dhewek”, semaure kang Eno.