Beranda Cerita Ngapak Makanan Khas Purbalingga: Buntil

Makanan Khas Purbalingga: Buntil

5
385
buntil daun singkong

Wengi kiye wengi terakhir ning tahun 2011,kanggo hadiah special ning akhir tahun,kiye inyong(Darmanto) arep mublikna salah sijine Makan khas Purbalingga.Tulisan kiye salah siji karya tulisan kang Arjuna ireng sing due cita-cita mulia gawe cerita ngapak karo latar belakang tema cerita seputar masyarakat,panganan lan keseharian warga purbalingga.

Ning tulisan  kiye sengaja nulis nganggo bahasa ngapak,salah sijine ya kanggo nguri-uri bahasane dhewek.Sedurunge kanggo para sedulur mbok menawa ana tulisan utawa kata-kata ana sing ora tepat utawa salah,sedurunge njalok ngapurane baen ya…

Ya wis dimulai baen ya cerita ngapak sing njukut salah siji panganan khas Purbalingga sing di arani ning wong-wong “Buntil”.

Mungkin nang wong lia katon aneh..tapi nang wong Purbalingga kuwe wis ora gumun maning,yaah !

BUNTIL kuwe salah siji panganan khas wong purbalingga…
bali sekang sawah sing di golet nang ngisor saji ya mesti ” yuung endi buntile kye ?”
Mbekayu SIWAS wis lumayan suwe dodolan buntil, neng pasar subuh TOYAREKA ..
nyatane mbekayu siwas nerusna alm biyunge goli dodolan buntil
Nahh..ora tau-taune BUNTILE mbekayu siwas mandan ASAIN ! anu kenangapa jajal mayuh tiliki ceritane
***
Mbekayu siwas dodolan buntil esuk-esuk gasik nang pasar subuh toyareka
langganane akeh ,unggal esuk di rubungi wong akeh pada tuku buntile.
ora kur dodolan buntil tok ,mendoan ,ba’wan,brontak lan lia-liane
Kaki daro’i untune ompong,cokan nglomboni polaeh akeh tapi belan banget maring BUNTILE mbekayu siwas esuk-esuk gasik kaki dado’i ngengkeg tuku buntil

Kaki:” yuu..biasa buntile kuwe rong buntel ,mendoane siji ,bawane  loro”
siwas:”terus apa maning ??”
kaki:”uwis kuwe bae , nggo nyarap putuku kae samijan garep mangkat sekolah koh .pira yuu ???”
siwas:”5000 bae…”
kaki:”yuu deneng si buntile rika mandan ASIN wingi nyong tuku !”
siwas:” masa sii ??.karo mandan maras..
kaki:”iya temenan lah, malah tek buang kae wingi”
siwas:”alaaahhh jaaannn” karo rai pucet maras mbok dagangane ora laku maning
kaki:” dadi nyong siki njalik imbuh kuwe buntile”
siwas:”iyaa..iyaa kiye”
***
esuk ke pindo kaki Daro’i tuku maning ,genah nyatane wis dadi klangenane
Kaki:” yuu piwe si rika goli dodolan !”
siwas:” nang ngapa si ???”
kaki:” asin…buntile rika asin pisan !”
siwas:”lah kuwe tah ilate rika sing konslet !” karo mandan ngotot
kaki:”sehh…seh.. ko aja penjorangan karo wong tua was !”

siwas:” genah rika tok  sing wadul buntile nyong asin ,liane pada ora koh !”
kaki:” laahh anu rika bae sing kepengin duwe anak maning” kaki Daro’i karo ngleweh
siwas:”ora lah…2 bae wis cukup”
kaki:”ya wis kuwe di buntel maning BUNTILE 2 bae, imbuih yaa wingi tek buang kae nggo mpan meri”
siwas: laahh jan iyaa iyaa kye tek imbuih sebuntel”
Kaki Daroi nang jero ati “LUMAYAN OLIH IMBUH MANING ,WONG BUNTIL ENAKE ORA ERAM KOH”.

Cerita:Arjuna Ireng