Beranda Cerita Ngapak Kucing Peres

Kucing Peres

0
404
kasirin
Karo mlayu Rikun maring warunge Ratno tuku deterjen bubuk,

Ratno : Kun, kadingaren ko ugumbaih dewek,,,,,?????

Rikun : Nyong arep ngumbah kucing no,,

Ratno : Ora salah kuwe Kun kucing koh de kumbah,,, (Ratno bingung karo mlongo)

Rikun : Iya no soale kucinge nyong akeh tumane..

Ratno : Lah ya bisa mati kucingmu Kun..

Rikun : Ora lah wong tangggane nyong wingi kaya kuwe kucinge ya ora papa. Kalem bae no ora usah kewatir,,,

Bar mbayar Rikun bali arep ngumbah kucing.

Ngesuke Rikun tuku rokok neng warunge Ratno

Ratno : Kun kepriwe kucinge ko,,,,????? Apa ora mati,,,,

Rikun : Genah mati koh no..

Ratno : Lah kuwe.. Tek omongi ora nggugu si ko, lha kucing dikumbah
karo deterjen si nggo ngapa, mbok ana obat tuma,,,uhare Ratno sungune
modod..

Rikun : Kucinge nyog mati udu kenang deterjene no,,,,

Ratno : Lah sih kenang ngapa kun,,,,,?????

Rikun : Tek peres keseron koh no,,,,,,,,,,

Sekang: Rama Khasirin