Tekan njero warung nyong karo batire langsung mesen kopi,kopine dadi pas gorengan mendoane mateng,
Karo nginum kopi lawuh medange mendoan anget,karo nyigit lombok cengis,pas
agi pada mangan mendoan nyong ngomong maring batirku,ngonoh mangan
sepuase,sing penting aja MALU NGAJI ya,,,,?????
Batirku takon,apa kuwe MALU NGAJI mas,nyong ngomong,lha wong takon koh semaure takon uga sih,,,??? Ya jajal de bede disit,nganti bingung batirku ngomong,ya wis
nyong bacin lah,akhire nyong ngomong,,,MALU NGAJI ya Mangan Telu Ngakune
Siji,,,hahahaha
Eeeeeee bar kuwe gantian batire nyong aweh bedean meng nyong,deweke njikot lombok cacaeh telu,pada dawane lan pada gedene,deweke banjutan nata lombok mau mbentuk SEGITIGA SAMA SISI utawane segitelu pada bae sisine,,,,bar kuwe batire nyong terus aweh pitakonan,
Pitakonane kaya kiye :
Kepriwe carane sekang bentuk SEGITIGA SAMA SISI bisa derubah dadi SEGITIGA SAMA KAKI,,,
Monggo de tunggu jawabane bedean kiye…
Bedean kiriman dening:Kang Khasirin





















