Beranda Legenda Asal Muasal Istilah Jeneng Begalan

Asal Muasal Istilah Jeneng Begalan

2
775
drama begalan

Begalan utawa rampogan, manut critane kasepuhan, asal muasale sekang hajatan ndalem
Bupati Banyumas sing arep ngrabekaken putrane kakung pembajeng  Raden Tirtakencana, karo putra-putrine bungsu adipati Wirasaba, Dewi Sukesi. Seminggu (sepasar) sakwise daup penganten, sang pinanganten kakung-putri diunduh sekang Wirasaba maring Banyumas, ngawa brenong kepang pengantenan.

Dalan sekang Wirasaba tekan Banyumas,sekliyane kudu ngliwati kali Serayu, uga kudu ngliwati alas gung liwag-liwung sing isih wingit. Isi setan brekasakan, uga isih dienggoni begal sing gaweyane ngrampok wong liwat sing nggawa dunya brana. Temenan, nalika rombongan  penganten tekan tengah ngalas, dipapag rampok sing keton mbedhigas karo ngawa bendo utawa klewang. Arep njaluk (ngrampok) gawane penganten.

Angger gawane ora diwenehaken, penganten sak pengiringe arep dipatenni, utawa ditumpes tapis. Gandheng sing dadi penganten kuwe putra-putrni adipati, mula rombonga besanan uga dikantheni pengawal utawa prajurit sandi sing peng-pengan.Sidane, antara rampok utawa begal lan perjurit kadipaten perang.

Begale kalah,lan mlayu ngibrit maring njeron alas. Mirsani kedadeyan sing kurang nyenengaken, sesepuh ing Kadipaten Banyumas banjur paring pesen utawa wasiat marang para anak turun utawa masyrakat Banyumas, menawa nduwe anak lanang mbarep, nikah karo anak prawan bungsu, kudu diadani (dikrenah utawa diruwat) nganggo  begalan. Kawine anak lanang mbarep olih anak wadon ragil,  utawa anak lanang ragil olih anak wado mbarep nang Banyumas ana sing nyebut “tumplek ponjen”.

Ana maning  sing nyebutaken, yen begalan asale sekang crita rakyat (volklore) “ Kyai Kasan Ngali”. Kyai Kasan Ngali sing asale sekang desa Weren, sak wetane Banyumas, kagungan putra-putri sing ayu denok dheblong. Sewalike, Kyai Abdulmanap sekang Desa Mersi , wetan Purwokerto, kagunan putra kakung, jenenge Ahmad Maemun, nanging wis dhudha. Bojone sing dhisit pegat pati.

Kyai Abdulmanap, niat nglamar anake Kyai Kasan Ngali nggo dijodokaken karo Ahmad Maemun. Lamaran ditampa dening Kyai Kasan Ngali. Lan upacara temu penganten arap digelar.

Kanggo keselamatane kaki-nini
penganten, jalaran perkawinan tumplek ponjen lan wis ping pindo nikah nanging bojone mati,
disepeketi nganggo acara begalan. Sing dibegal yakuwe gawane kaki penganten
sing arep ngo srah-srahan maring ngone nini penganten.
Sedulur,
kiye crita rakyat, sing jaman ndisit cukup nyebar nang Banyumas. Sumonggo
maring panjenengan kang arep mbiji. Nanging sing nyata, seni begalan sekiye
isih ana nang Banyumas, Purbalingga lan Banjarnegara. Wilayah Cilacap, utamane
wilayah Cilacap kulon, kayane acara begalan ora ketemu (langka). Ning seni
tradisi sing wis
membudaya, pancen kudu dibudayakan, diuri-uri supaya lestari aja nganti cures.
Soale angger kesenian lan budaya daerah nganti cures, bakal mlebu budaya njaba
sing kita kabeh ora ngerti tur ya kurang lah karo adat lan tata cara ngone
dhewek. 



Begalan kanggone wong Banyumas, pancen meh padha karo fungsi
ruwatan (wayang kulit), tegese kanggo nulak bala. Jaman gemiyen, dalang-dalang
begalan sifate kaya mistis. Nanging kemajuan jaman, seni begalan kang wis dadi tradisi, wis pada karo tanggapan
kesenian.  Ora beda karo temune penganten
nganggo ngidek endok, balangan sadak (suruh) lan liyane. Tegese, upacara budaya
kang wis
disenengi dening mastarakat Banyumas. Kayane, pernikahan (bagi sing mampu)
angger ora ganggo begalan kayane koh ora pas. Kurang semanger. Angger ana
acara-acara tradisi kaya kiye, jelas sing seneng ya dhukun penganten
se-ubarampene. Sebab biasae, acara perkawinan sing nganggo tatacara adat,
diserahaken pelaksanaanne maring mbok dhukun penganten



Tampah-ilir
Begalan saka tembung begal sing tegese
rampok. Dibegal pada karo dirampok. Begalan, seni turut tradional masyarakat
Banyumas sing wis
kedadeyan turun temurun, utawa wis
membudaya.. Dadi kanggone masyarakat Banyumas yen nganakaken pernikahan (antara
bujang klawan prawan), angger ora nganggo begalan kurang sreg. 



Tegese yen nganakaken khajat pernikahan kawitan ora nganggo
pitutur lan pangeling-eling kok ana sing kurang. Amargo seni begalan sekliyane
pance dadi budaya tradisi, isine uga piweling lan pitutur kanggone kaki-nini
penganten. Apamaning sing digawa brenong-kepang, yaiku alat-alat dapur sing
biasane kanggo peralatan masak, digawe sekang pring.
Tegese, kaki
penganten ngemutaken karo nini penganten, kiye lo inyong ngawakaken alat-alat
dapur ngo pranti masak angger inyong lan rika wis bebojoan, wis dadi seumah utawa wis rumahtangga. Isine brenong kepang kuwe
antarane, kukusan ngo pranti adang. Sewise sega adangan mateng, terus  disogaken nang kepang.. Kepang karo ilir
piranti dapur sing ngo prantio ngangi sega, men ora cepet wayu (basi). Cething
ngo wadah sega sing diangi.Irus kanggo pranti njangan, siwur ngo pranti ciduk
banyu panas., lan piranti dapur liyane.



Begalan ngambarake lakon rampogan sing digawa besan
(penganten kakung) dening rampok. 
Falsafah Banyumasan, sing dirampok kuwe dudu dunya brana, nanging bajang
sawane kaki lan nini penganten. Amarga, angger wis jejodohan, penganten lanang lan wadon
pancen dirampok kemandiriane, dirampok pribadine. Tegese, penganten lanang
angger wis
duwe bojo, arep tumindak apa bae kudu nganggo palilahe bojo, ora bisa segeleme
dhewek. Mengkono sewalike. Wong bebojoan wis
ora bebas jalaran ”dibegal” dening acara sakral pernikahan.



Begalan ditindakaken dening wong loro sedulure penganten
lanang sing isih dulur lanang pancer 
(tunggal  bapa) utawa  utawa misan (tunggal kaki). Nanging sekiye,
dalang begalan sifate wis
profesi. Mergane sedulure lanang ora teyeng dhewek.



Ora beda karo nikahan, sing kudune dadi wali nikah kan ramane penganten
wadon. Yen ora nana ya kakang utawa adi penganten wadon tunggal rama/ Lha nek
ora nana ya paman, uwa, kaki misan sing tunggal pancer. Nek ora nana maning
yakuwe, nganggo tenaga “profesi” sing ditindakaken nang pengulu utawa amil
(kayim)



Begalan, nang ngarepe calon penganten lanang lan wadon, pada
ibing-ibingan (suasana mistis- jaman gemiyen), disranani nganggo
gending-gending Banyumasan kang nganggo perangkat gamelan. Nanging sekiye wis ana sing nganggo
kaset. Utawa angger ora nana bapar pisan ya garingan, tanpa iringan gendhing.



Sandangane paraga begalan ngagem clana ireng ditutup jarit
bathik, iket-iketan (biasane werna wulung). Ana sing ora nganggo klambi,
nanging ana sing nganggo klambi tanpa tangan. Kaya modele pemain ebeg (aran
kepang).Klilan….. 



Cerita dening:TriRasman
De Kirim dening:Demang Papeling