Beranda Legenda Putri Ayu Limbasari

Putri Ayu Limbasari

0
514
ketoprak pembayun

Seuwise Legenda Putri Ayu Limbasari de posting ning blog kiye,rupane akeh pendapat utawa komentar sing macem-macem.Salah siji komentar sing ngganggo jeneng Anonim akeh banget nglengkapi cerita babagan Legenda Putri Ayu Limbasari kue,mangkane kanggo supayane wong sing agi nggoleti PUTRI AYU LIMBASARI – Ing jaman menika wonten sawijining desa
ingkang dijeegi desa “NIMBASARI”. Ing desa Nimbasari wonten sawijinig
padepokan ingkang dipimpin dating Syeh Gandiwasi. Gandiwasi duweni bojo
ingkang name Nyi Gandiwasi. Tresno Menika anggawe putra ingkang name
Ktut Wlingi. Ketut Wlingi nduweni bojo ingkang nami Siti Rumbiyah.
Lajeng sajodo menika diparingi putra ingkang bagus lan putri ingkang
ayu, ingkang diparingi nami Wlingi Kusuma lan Diah Wasiati.

Ing
sawijining dinten para pendiri padepokan Nimbasari ngrembug rencana
pembangunan irigasi kanggo tetanen lan nyukupi banyu bersih kanggo warga
padepokan. Banjur enten pinemu saking Ktut Wlingi yaiku ngajak kabeh
warga sing sehat lanang wadon, tua enom bareng-bareng nyambut gawe gugur
gunung supados enggale rampung. Kacaritos wekdal mbangun irigasi menika
Patrawangsa tiba marang kedung lan paloya lan kanggo pepemut mbesuk nek
ana rejaning jaman panggonan kene di arani “Patrawisa” lan saluran iki
uga diparingi tetember “Kali Wlingi”.

Sauwise irigasi dadi
padepokan Nimbasari sangsaya maju, akeh para murid sing padha teka nimba
ilmu ana ing Nimbasari. Lajeng sawijining dinten menika Gandiwasi
nyuwun pamit arep bakal nerusake kewajibane nyiarake agama islam ing
tlatah Mataram lan pimpinan padepokan diserahake marang Ktut Wlingi.

Pirang
taun wis kaliwat, banjur Dyah Wasiati gedhe dadi prawan ingkang ayune
langka sing nandingi. Banjur akeh para bupati sing saperlu nglamar Dyah
Wasiati dadi Garwane para bupati. Bupati menika saking Pinisihan, Beji,
Sawangan, lan Bandingan. Sauwise kui Ktut Wlingi mikir kepriwe ana 4
bupati anduweni sedya nglamar anake yaiku Dyah Wasiati. Umpamane nampa
salah sijine bupati mesti sing 3 bakal kuciwa, umpamane ditolak kepriwe.
Banjur Wlingi Kusuma nduweni pinemu yen nentukaken sinten ingkang dados
sisihanipun Dyah Wasiati, yaiku nganggo cara diwontenaken
sayembara,sing menang perang tanding saged dados sisihanipun Dyah
Wasiati. Dyah Wasiati satuju anggone pinemu kangmas Wlingi Kusuma. Para
bupati uga satuju, banjur disediaken panggonan lan aturan supaya ora
keleru.

Para bupati maju siji-siji perang tanding mungsuh Wlingi Kusuma. Nanging
kabeh para bupati kalah. Para bupati mboten ikhlas menawa kekalahane,
banjur nyuwun wektu sawetara kanggo ngimpun kekuatan lan strategi ben
bisa ngalahake Wlingi Kusuma. Patemon menika dientenaken ing desa
Penisihan, lan anduweni kesepakatan kanggo curang, ngroyok Wlingi
Kusuma. Esuk dinten para bupati balik maning marang papan panggonan
kanggo sayembara. Sadurunge Wlingi Kusuma siap tanding, kalima bupati
maju nyerang lan mbinasaaken Wlingi Kusuma, banjur terus dimutilasi.
Saben bupati njupuk tugelan awake Wlingi Kusuma kasebut ing daerah
piambak-piambak. Amargi para bupati-bupati menika wedi yen tugelan awak
menika nyambung lan urip maning.
• Bupati Beji nggawa kemaluan Wlingi Kusuma lan dikubur ing pinggir kali laban, anggon menika diwenehi nami Candi Sikontol
• Bupati Bandingan nggawa sikil Wlingi Kusuma lan ngubur ing daerah Bukit sadurunge desa Bandingan
• Bupati Pinisihan nggawa gembung utawa awak, lan dikubur ing ngisor Bukit Beser, saiki kasebut Palumbungan
• Bupati Sawangan nggawa sirahe Wlingi Kusuma, lan ngubur ing daerah Tlahab Kidul, saiki kasebut Candi Siregol
Kaluarga
Ktut Wlingi saweg tetangis, amargi Wlingi Kusuma dipateni karo cara
mutilasi. Para bupati balik marang padepokan Nimbasari arep njalok
keputusan sapa sing dadi kakunge Dyah Wasiati amargi wong siji ora bisa
dibagi 4. Banjur Dyah Wasiati anduweni pinemu yaiku badhe anggadhani
panyuwunan dhumateng para bupati yaiku kanthi tapa mendem 7 dinten 7
dalu, Dyah Wasiati nyuwun kuburane mangke dipun paringi bambu kangge
napas lan diparingi benang kangge tetenger menawi mangke benang katarik
saking nginggil awrat punika tanda menawi ingkan Dyah Wasiati dereng
pikantuk pituduh saking Gusti Allah,lan menawi benang katarik kraos
enten menika pratela menawi ingkang Dyah Wasiati sampun pikantuk pituduh
utawa wangsit saking Allah lan Dyah Wasiati nyuwun enggal dipun duduk
kubur Dyah Wasiati.

Banjur Dyah Wasiati badhe milih sinten
ingkang dados jodo. Ktut Wlingi lan Siti Rumbyah satuju lan para bupati
uga satuju, banjur para bupati anggawe luwang kangge semedi Dyah
Wasiati. Sauwise luwang dadi, banjur Dyah Wasiati mlebu ing luwang utawa
kubur. Banjur para bupati lan wong tuane Dyah Wasiati nunggu ing
saubenge luwang.

Pitung dinten sauwise kue, sauwise yakin
menawi Dyah Wasiati wis oleh wangsit, mula kuburane dibukak. Nanging
kagete para bupati lang wong tuane Dyah Wasiati ndeleng kedadean menika,
amargi Dyah Wasiati sampun seda. Para bupati nangis lang nyuwun ngapura
marang wong tuane Dyah Wasiati, banjur Ktut Wlingi ngomong “yen ana
wong wadon sing ayu lan anduweni rambut dhawa lurus uripe ora bakal
suwe”.