Beranda Blog Empu Gending Purbalingga | S. Bono

Empu Gending Purbalingga | S. Bono

0
681
Maca nang Blog Papeling wulan wingenane, ana tulisan nek Papeling
ngedegaken grup karawitan Banyumasan. Bareng maca tulisan kuwe inyong dadi
kemutan maring sesepu  Purbalingga sing
dadi empu gending Banyumasan. Sesepuh sing uga dadi Pak Guru mau ora liya
Almarhum Bapak S Bono. Piyayi kelahiran Banjarnegara sing tau dadi guru nang
Karangmoncol lan Kaligondang Purbalingga.
            Inyong uga percaya
banget, anggota Papeling sekang bumi Arsantaka sing seneng gending-gendingBanyumasan mesti apal lan ngerti maring S. Bono.  Paling ora ngerti maring karya-karyane sing
merakyat, tur mbleketaket . Malahan meh kabeh radio swasta niaga sing nang
Jakarta lan nduwe acara Banyumasan  paling
sering muter gending-gending karyane seniman kiye. Conto karya gending
reriptane yakuwe Banjarnegara gilar-gilar lan Dawe Ayu   sing pancen dadi  favorite warga Banyumasan.

            “Kaki
Demang apa rika isih kemutan karo S Bono ?. “Lik Gonang takon maring Ki Demang
Papeling , karo ngrungokaken uyon-uyon sekang Radio Republik Indonesia (RRI)
Purwokerto sambi ngopi lan macit mendoan anget.
“S. Bono kuwe pak Guru sing anak
dhalang lan nduweni hobby dadi penayagan. Apa penayagan sing hobby mulang nang
ngarep kelas dadi pak guru. Nanging sing jelas, meh kabeh perangkat gending
sing bisa ditabuh lan muni, bisa ditabuh lan diunekaken nang S. Bono. Tegese,
peralatan musik gending endi bae, bisa manut karo S. Bono  angger lagi melu nggending. Ora kaya inyong
rika, sing bisa nabuh gamelan, tapi ora ngerti nute. Dadi angger nabuh ya ora
pada karo liyane, mung asal muni, tapi langka maknane.” Ki Demang Papeling nerangaken.
            Nurut Ki
Demang Papeling, S. Bono, paraga seni Banyumasan sing pak guru kiye lahir nang
Punggelan, Banjarnegara Sabtu Wage 30 Desember 1939. Tamat Sekola Rakyat  Negeri Kecepit tahun 1954, SGB Purbalingga
1959 lan SPG Purwokerto 1973.
            Ramane S.
Bono dadi dalang sing cukup nduwe jeneng nang daerahe. Kawit cilik Bono sering
melu ramane Mistaredja, maring ngendi panggonan ramane ndalang. Mulane, S. Bono
apal maring siji-sijine wayang lan bisa nabuh, kabeh peralatan gamelan.
Tamat SGB Purbalingga, S. Bono dadi
guru ing Karangmoncol-Purbalingga. Nang kene S Bono
luwih ndadi golih sinau gendhing . Nanging Karangmoncol dudu panggonan sing
subur kanggone ulah gending. Amargo masyarakat Karangmoncol nganti seprene tabu
nabuh lan nanggap gamelan/wayang.
Langkahe S Bono luwih ndadi nalika
tugas dadi guru dipindah maring Kaligondang. Merga nang papan sing anyar, wis ora nana larangan
ngo nabuh gamelan, beda karo Karangmoncol. Nang Kaligondang, pirang-pirang grup
kesenian dieloni. Mulai sekang lengger, calung, kethoprak kabeh disambangi.
Ngati pengalaman munggah panggung seji lan sijine terus dijelajahi.
Kaki S Bono sekiye wis detimbali ing
pangayunaning Gusti Kang Nyipta Jagat. Ningen karya-karyane meh saben
ndina  bisa denikmati dengan pendengar
setiya Radio.
Nang Jakarta sing nduwe Paguyuban Pendengar dan Penyiaran
radio Banyumasa
n. Meh saben ndina diputer gendhing-gendhinge S. Bono sing
pancen negsemaken lan ngangeni. Lewih sekang 10 Radio Swasta Niaga nang
seindenging Jabodetabek sing gentian ana siaran Banyumasan. Sing kanggo andelan
ya gending-gendinge S Bono. Pancen, nganti
sekiye during ana pawongan sekang banyumas sing teyeng ngarap lan nripta
gending Banyumasan. Muga-muga ora ngati suwe Gusti Allah paring ganti S Bono mudha kang pinter ngripta gending Banyumasan. Kelebu
warga Papeling nang Jakarta sing sekiye 
lagi seneng sinau ganding. Aja kelalen maring seniman sekang bumi
Arsantaka ya Almarhum Bapak S Bono
Klilan….

Cerita Dening :TriRasman
De Kirim Dening:Demang Papeling