Beranda Blog Aja Gegoh Aja Reang

Aja Gegoh Aja Reang

0
277

Dina Minggu wulan Pebruari ,  Papeling nganakaken pertemuan silaturahim wilayah Jakarta Selatan, Depok karo Bogor. Ningen sing teka ora mung sekang korwil telu, ana uga sekang Korwil Bekasi, Jakarta barat, Jakarta Pusat karo Jakarta Utara sing merlokaken teka. Jan ragab temenan. Apamaning Ketua Papeling  Pusat uga teka nang acara silaturagmi lan gendu-gendhu rasa . Ketambahan, ana orgen tunggal, jan maen temenan.

Seliyane kuwe, pertemuan sing deanakaken nang kolam renang Beji Depok, uga derawuhi nang warga sing dudu anggpta Papeling ningen pancen asli sekang Purbalingga, dadi jan ragab banget. Ana keluarga sing ngawa anak, ya san ngawe momong. Rama biyunge melu pertemuan, anake ciblon nang kolam renang, apa kuwe ora jeneng, nyenengaken anak lan rama biyunge.

Lik Gonang sing pancen dewara-wara nang Kaki Demang Papeling seminggu sedurunge, genah melu teka. Apamaning deomongi  nang Demange. Nek ora teka ya kewatir kesambet. Turane maning Lik Gonang pancen manggon ora adoh karo panggonan pertemuan, paribasane mlaku ben wis tekan.

Nek kemutan lagi nang ndesa gemiyen, jaman durung ana mobil angkutan, sekang Karangmoncol arep maring Purbalingga tulih mbokan mlaku. Teyeng liwat Bobotsari, utawa liwat pengadegan. Ningen kelorone kudu mlaku. Pengadegan Karangmoncol watara 8 kilonan mlaku nyabrang kali Karang. Lha angger metuk Bobotsari mlakune malah lewih adoh maning, watara 14 kilonan. Sekang Bobotsari tekan Purbalingga nembe ana angkutan umum, jaman gemiyen Power wagon. Majuning jaman nang Karangmoncol ana sing duwe mobil, jenenge kaki Wiryokarsno lha mobile Power wagon jenenge lestari. Sekang Karangmonco esuk, mengko baline sore. Wektu semono  durung ana brug, dadi angger nyabrang kali ya kudu medun ngecubruk. Angger pas kaline banjir, ya kudu nunggu nganti kaline surut. Pokoke arep lungan jaman semono tah sengsara, ningen nikmat.

Mulane ana pertemuan Papeling sing pada-pada wong sekang Bumi Arsantaka, senajan mlaku ya delakoni, apamaning perek. Ketemu sedulur, silaturahim, malah ndeyan ana sedulur sinmg tunggal getih, ningen gandeng ora tau ketemu, ya during wawuh. Lha nang pertemuan kaya kuwe, biasane njuran ketemu karo sedukur, sanak kadang ya paling ora tunggal desa, tunggal grumbul nang Purbalingga. Semanger pisan.

Ketua Papeling nang panggonan mau ngajak warga Arsantaka sing nang perantauan, kon pada guyub, pada rukun, aja gegoh, aja reyang. Seliyane kuwe ketua ngajak bareng-bareng mbangun desa kelahirane. Paling ora ya mbantu sedulur-sedulur nang ndesa sing lagi kenang masalah. Contone, Papeling nggawe Grup Pagana (Papeling Tanggap Bencana). Tujuane ya kuwe mau, warga Purbalingga sing nang perantauan lan wis urip mapan, aja kelalen maring tanah kelahirane. Apamaning nang ndesa lagi ana musibah sing pancen kudu debantu.

Lik Gonang sing melu ngrungkaken, manthuk-manthuk setuju maring gagasan ketua sing pancen kudu dedukung nang kabeh anggota Papeling.Klilan…….

Cerita Dening:Tri Rasman
Dekirim dening:Demang Papeling