Beranda Blog Dialek Banyumasan

Dialek Banyumasan

0
330

Dialek Banyumasan.Bahasa banyumasan utawa dialek Banyumasan, kuwe bahasa sing pancen khas. Ora nana nang jagad sing gumelar kiye.  Seliyane duweke warga Banyumas lan dianggo dadi alat komunikasine wong Banyumas. Apa wong Banyumas sing nang rangkah Banyumas utawa nang sak jabane Banyumas.

Bahasa Banyumas utawa Banyumasan  kuwe bahasa Jawa, uga  nganggo aksara Jawa (siki isih ana sing nganggo nanging wis langka) mung dialeke bae sing beda angger ditandingaken karo bahasa Jawa nang wilayah Jawa Tengah (Jogya-Solo ) utawa Jawa Timur. Mulane wong sakjabane Banyumasan, angger isih pada-pada wong Jawa gampang golih niteni yen sing diajak ngomong kuwe wong Banyumas. Jalaran dialeke pancen Banyumasan.
Apa sebabe ana dialek Banyumas utawa Banyumasan ?. Nah kiye sing mandan angel golih arep njawab. Apamaning kanti jawaban sing ilmiah. Kudu nekakaken ahli bahasa lan ahli sejarah.
Inyong pancen ora arep lan ora ngerti sing ilmiahe. Nanging sing nyata, bahasa Banyumasan utawa Bahasa Jawa dialek Banyumas kuwe bahasa Jawa sing terpengaruh, utawa kelebon bahasa Sunda.

Jalaran….

Kapisan,  angger dideleng sekang wilayahe, Banyumas  panggonane pancen nang tengah-tengah antara wong sing nganggo bahasa Jawa karo Sunda.  

Kapindo, anane hubungan kekeluargaan (perkawinan) antara wong Jawa karo wong Sunda, sing paling akeh pancen ditindakaken wong Banyumas. Mulai sekang bupati utawa adipati sepisanan sing kacatet nang sejarah, nganti rakyate biasa.

Bupati utawa adipati sing asale sekang Jawa kang nikah karo putri  Sunda yakuwe, Raden Haryo Baribin, kang nurunaken Bupati-bupati Banyumas, nikah karo Dewi Pamekas, putra-putrine Prabu Siliwangi.

Adipati Paguwon, utawa Raden Paguwon, kang sakbanjure asmo Adipati Wirohudoyo (bupati Wirasaba wiwitan), uga nikah karo putri  Sunda, putra putrine Sri Mundingkawati sekang kraton Ciridangbarang Sidamar, saiki wilayah Cirebon. Raden Kamandaka ya Raden Banyakcotro putrane Prabu Siliwangi nikah karo Dewi Ciptarasa putri bungsu Adipati Pasirluhur
 
Kapingtelu, amarga hubungan dagang antara wong-wong Jawa karo wong Sunda nang  pasar-pasar daerah perbatasan.. Lha kiye ndeyan sing paling monjo dhewek ndadekake bahasa jawa (Solo-Yogya) karo Sunda, ndadekake luwih kenthele Bahasa dialek Banyumasan.

Antara Jawa Tengah karo Jawa Barat (Sunda), antara Banyumas lan Parahyangan,  nang sisih kidul wilayah Banyumas, mung diwatesi Kali Citanduy. Nanging ana kedadeyan sing cukup monjo. Wilayah Sunda nang sisih kidul (baca Ciamis). Sekang mulai Banjarpatoman, Banjarsari, Padaherang, Kalipucang, Pangandaran, Cijulang, bahasa sabendinane utawa bahasa ibu, nganggo bahasa Jawa dialek Banyumas. Senajan penduduk Ciamis kuwe uga paham maring Bahasa Sunda.  Nanging wilayah Jawa Tengah (Majenang, Dayaluhur) malahan akeh wargane sing nganggo bahasa ibu, bahasa Sunda. Tapi bahasa pengantar nang panggonan umum (pasar), nganggo bahasa Banyumasan

Ora mung soal bahasa thok, nganti soal seni, warga Jawa Barat sing nganggo dialek Banyumasan, uga seneng karo seni lan budaya Jawa. Umpamane, lengger, wayang kulit, kethoprak lan jenis seni liyane. Mengkono uga wilayah Jawa Tengah sing komunitas penduduke nganggo bahasa Sunda, isih seneng nanggap wayang golek, tarling lan degung.

Mulane kuwe, antarane seni lan budaya uga banjur ana interaksi, ana kebersamaan ana sing pada. Lan banjur thukul budaya anyar lan seni anyar sing sumbere sekang tanah parahyangan lan tanah Jawa (baca Yogya-Solo). Yakuwe, seni Banyumasan (Gending, wayang, calung lan liyane maning). Seni lan budaya mau banjur dikenal utawa dingerteni dadi seni lan budaya Banyumasan.
Jawa ning dudu Jawa. Sunda uga dudu Parahyangan. Komunitas Banyumasan  kenyataane disenengi ora nang wilayah Banyumas (baca Bralingmascakeb). Nanging uga nang njaba rangkah Banyumas. Kanggo conto, nang wilayah Jabodetabek, ana kurang luwih 15 Radio Swasta Niaga (kelebu RRI Jakarta lan Bogor) sing meh saben ndina muter siaran Banyumasan. Komunitas pendengare, ora mung sekang warga Banyumas nang Jabodetabek, nanging uga warga sing asale sekang njaban Banyumas. Iki nandakaken yen Banyumas lan seni budaya Banyumasan disenengi dening masyarakat njaba Banyumas.

Bandhek

Nang wilayah Banyumas warga asli Banyumas utawa warga sing nganggo dialek Banyumas sering ngarani, tamu sing nganggo bahasa dialek Yogya-Solo  diarani bahasa bandek utawa cara bandhek.
“Tamune Pak Samidi sekang Solo, dadi ngomonge ya bandhek”. Bandhek nang kene tegese tamune Pak Samidi ngagem bahasa dialek Yogya-Solo. Utawa, wong Banyumas ngerti yen wong nganggo bahasa bandhek kuwe mesti wong sekang Yogya utawa Solo utawa sekang sisih wetane wilayah Banyumas.
Kenangapa diarani Bandhek ?. Nurut catetan sejarah, bandhek asal sekang tembung gandhek, utawa utusan. Biasane utusan ratu sekang Yogya utawa Solo, sing diuutus maring kadipaten Banyumas.
Utusan kuwe jelas  nganggo bahasa dialek Yogya utawa Solo. Dadi bahasa sing dienggo ya dudu bahasa Banyumasan, nanging bahasane utusan utawa gandhek. Gandeng sing ngomong wong Banyumas, gandek  mingser dadi  Bandek. Ora beda karo kota Bandung, Bogor, Bekasi lan sepiiturute. Wong Banyumas ora nyebut Bandung utawa Bogor. Nanging nyebute mBandung, ,mBogor, mBekasi. “Mas arep tindak ngendi ?”. jawabe “Oooo arep maring mBandung”.

Sing jelas, bahasa Banyumas utawa dielek Banyumasan kuwe bahasa sing mbleketaket. Bahasa sing ora nduweni jarak antara ratu karo kawulo. Antara Adipati karo rakyat jelata. Senajan nang Banyumas uga ana unggah-ungguh ngoko-krama-krama inggil. Nanging angger wis nganggo bahasa Banyumasan, kayane (miturut tafsir penulis) unggah-ungguh kuwe wis tipis malahan meh ilang. Senajan inyong yakin, kawulo mesthi isih ngajeni lan ngurmati penggede. Nanging sekang unggah ungguhing bahasa Banyumas, tata cara mau wis ilang. Meh pada karo panganggone Bahasa Indonesia, antara Presiden lan rakyat, ora nana krama inggil (apa itu arti kromo inggil dalam bahasa Indonesia). Nanging inyong uga yakin, yen bangsa Indonesia sing nganggo Bahasa Indonensia isih nduweni sikap hormat maring presidene. Senajan nang dunia politike beda. Percanten napa mboten ? Klilan……


Cerita Dening:Tri Rasman
Dikirim dening:Demang Papeling