Rasane, wong sing ngaku sekang Purbalingga, mesti wawuh lan ngerti karo jeneng Wirasaba. Merga, Wirasaba kuwe kadipaten kawitan nang wilayah Banyumas. Akeh crita ngenani Banyumas sing asal muasale sekang Wirasaba. Malahan nganti tekan sekiye, bupati kawitan sing dingerteni nang masyarakat Banyumas kuwe ya adipati Wirasaba, dudu jeneng wonge. Contone, wong Banyumas ora olih lungan utawa mbarang gawe dina Setu Paing, merga dina Setu Paing kuwe dina pengapesane Bupati Wirasaba, ya dina pengapesane pepunden Banyumas. Wong Banyumas ora olih gawe umah model balemalang sebab umah balemalang kuwe dadi pengapesane Bupati Wirasaba. Nganti sekiye wog Banyumas nyatane pancen nyirik gawe umah model balemalang.
Isih ana maning sirikan-sirikan sing ora olih ditindakaken dening warga Banyumas sing asal muasale sekang adipati Wirasaba. Mangkaning, nek diurut, Wirasaba kuwe dudu jeneng wong, ning jeneng panggonan., jeneng papan sing sekiye isih ana. Senajan nang kono wis ora dadi kadipaten utawa ibukota kabupaten
Sejarah Wirasaba
Desa Wirasaba sing gemiyen dadi kota Kadipaten, panggonane nang sekidule kota Purbaligga watara 10 –11 km. Saiki melu kecamatan Bukateja. Panggonane nang wates antara Kab Purbalingga karo Kab Banjarnegara, mung diwatesi kali serayu. Sisih kidul kali Serayu melu Klampok-Banjaregara, sisih lor kali melu Wirasaba-Bukateja -Purbalingga
Abad XV. Wirasaba dadi kota Kadipaten Wirasaba, mulai Bupati kawitan Raden Paguwon utawa Wirohudoyo. Wirohudoyo diganti dening putra mantune (angkat) asma Adipati Wirohutomo I (Joko Katuhu). Wirohutomo I diganti ingkang putra Wirahutomo II . Wirohutomo II diganti dening Wirohutomo III. Wirohutomo III diganti dening ingkang putra Surohutomo . Surohutomo digantio putrane Wargoutomo I utawa Wargohutomo seda Bener.
Wargohutomo I sing dipateni dening gandek Pajang amarga fitnahe Demang Toyareka (adine Wargoutomo I lan uga besan) diganti ingkang putra mantu Jaka Kahiman utawa Wargautama II, sing terus pindah kadipaten sekang Wirasaba maring Banyumas. Ora mung kuwe thok, kadipaten Wirasaba uga dibagi dadi papat, kanggo dulur-dulur lanang, ipene Raden Jaka Kahiman.
Daerah Wirasaba dipasrahaken marang Kyai Ngabehi Wargowijoyo. Daerah Merden (sekiye melu Purworejo-Klampok) dipasrahaken marang adipati Kyai Gede Senon alias Kyai Ngabehi Wirokusumo. Daerah Banjar Petambakan (sekiye dadi Kab Banjarnegara) dipasrahaken maring Kyai Ngabei Wirayuda, lan daerah Kejawar diasta dhewek nang Adipati Wargohutomo II utawa Jaka Kahiman. Daerah Kejawar kiye sing terus berkembang kang siki dadi Kabupaten Banyumas.
Dadi angger diitung sekang silsilah lan sejarah, Kadipaten Wirasaba kuwe tau diprentah nang limang bupati. Wektu kuwe Wirasaba dadi kebawah keprentah dening kraton Demak Bintara (raden Patah), nganti Keraton Pajang (Sultan Hadiwijaya). Apamaning antara adipati Wirasaba kawitan (Raden Paguwon) isih sedulur tunggal kaki, yakuwe pada-pada putune Prabu Brawijaya ing Majapahit.
Bandar Udara
Mbok menawa, bocah sekiye ora ngerti utawa ora kenal karo Wirasaba nalika isih dadi Kabupaten. Merga, sejarah ngenani Wirasaba sing ana nang kepustakaan pancen sethithik banget. Seliyane kuwe, moncere kadipaten Wirasaba pancen wis suwe banget. Nek dietung tekan sekiye, wis lewih sekang 400 tahun utawa 4 abad.
Nangin nek bocah Banyumas utawa Purbalingga ditakoni lapangan kapal mabur (Bandar udara) Wirasaba mbok menawa ngerti. Pancen nang Wirasaba saiki ana Bandar Udara duweke Tentara Nasional Indonesia (TNI) Angkatan Udara (AU). Malahan, nurut rencana Pemda Kabupaten Purbalingga, Bandar Udara Wirasaba arep dimegaraken dadi Bandar Udara komersial. Tegese, seliyane ana Pangkalan Angkatan Udara, nang Wirasaba uga arep digawe lapangan udara komersial kanggo penerbangan umum.
Angger nang Kabupaten Purbalingga mengkone ana lapangan kapal mabur komersial, lan wis bisa operasi, kuwe tegese wektu mlaku (jarak tempuh) sekang Purwokerto, Purbalingga utawa Banjarnegara maring Jakarta sing sekiye antara 8 jam nganti 10 jam, bisa disuda mung kira-kira 1 jam. Kapan kira-kira lapangan kapal mabur Wirasaba komersial digarap ?.
Lha kiye sing lagi dirundingaken nang pemerintah daerah Purbalingga, DPRD Purbalingga, Pemda Jawa Tengah, Dinas Perhubugan, Dep Perhubugan lan instansi liyene sing ana gandeng cenenge karo pengoparesian Bandar Udara utawa lapangan kapal mabur.
Pancen kanggona warga Banyumas, anane lapangan kapal mabur komersial nang Purbalingga-Banyumas banget nguntungaken. Apamaning Purbalingga sekiye wis dadi Kabupaten Industri. Akeh bangsa mancanegara sing nandur duwit (investoar) nang Banyumas, khususe Purbalingga. Para investor kuwe perlu wektu cepet menawa arep maring Purbalingga utawa bali sekang Purbalingga. Kanggone para investor, wektu kuwe dhuwit (time is money). Masa sekang Jepang maring Jakarta mung perlu wektu 5 jam, nunggang ontor mabur, tapi sekang Jakarta maring Purbalingga malah perlu wektu 10 jam (angger ora macet). Kaping pindone wektu mlaku Jepang-Jakarta.
Mulane angger lapangan kapal mabur Wirasaba bisa operasi, mung perlu wektu kira-kira 1 jam sekang Jakarta maring Purbalingga. Kuwe tegese, kanggone investor luwih nguntungaken. Merga wektu sing luwih, bisa dienggo nggo kebutuhan liyane. Uga kanggone bisnismen local kang merlokaken wektu cepet, anane bandara Wirasaba jelas mbantu.
Nah sing kudu didandani lan diupayakaken sekiye yakuwe, kapan Bandar udara sing sekiye nduweke Tentara Nasional Angkatan Udara kuwe bisa dingo bareng karo penerbangan sipil. Pokoke, apik-apika aten bae. Supayane, pertahanan lan ketahanan nasional bisa dijaga, nanging sekang segi bisnis uga bisa mlaku.
Mayuh sing warga Banyumas melu nyurung supaya cita-citane warga Banyumas, Purbalingga lan Banjarnegara nduwe lapangan udara komersial nang Wirasaba keleksanan.Klilan……
Dening:TriRasman
Dekirim:Demang Papeling






















