Cablaka Utawa Blakasuta

0
599
jeneng

Blakasuta.Inyong yakin pisan, wong Banyumas khususe warga Papeling mesti ngerti lan paham tegese blakasuta utawa cablaka,  glogok sor, ora tedheng aling-aling  utawa jujur. Cablaka utawa blakasuta kuwe wateke wong Banyumas. Angger ana perkara, apik utawa ala diwetokaken  glogok sor, ora nana sing ditinggal. Jujur.

Watek jujur utawa blakasuta kuwe apik, kejujuran kuwe wajib tumrape wong urip. Merga, kejujuran kuwe pawitanwe urip lan panguripan. Mulane, kabeh agama nang ndonya nyurung umate ngamalaken kejujuran, ninggal pagawean sing culika utawa ora jujur. Uga nang babagan hukum, hakim nang sidang perlu nyumpah seksi utawa pesakitan kon ngomong jujur, ora goroh.
 “Ki Demang, inyong tau krungu, ngomong jujur kuwe wajib. Ningen ana sing ngomong maning, nglomboni utawa ora jujur uga perlu. Keprimen sih ramane, inyong koh ora pati mudheng”, Lik Gonang  takon maring ramane karo ngladhekaken wedang clebek sing ora legi maring Ki Demang sing teka maring gubuge nang pinggir ril sepur.
 
“Oooo kuwe ya Lik Gonang, iya pancen, wong kuwe ora kudu selawase jujur. Ana babagan sing kudu ngomong ora jujur utawa nglomboni ningen kanggo keslameyan. Kuwe sing jenenge dora sembada. Umpamane, ana wong sing ketone arep nakal utawa culika. Takon maring awake dhewek. Angger ngerti wong mau arep laku jahat, awake dhewek olih nglomboni.
Maring bocah cilik, wong tuwa uga akeh sing ngomong dora sembada. Perlune men bocah slamet ora kenang alangan utawa mriyang. Contone, cah ayu, aja ndahar permen ya, mengko untune dadi gupis. Utawa cah ayu aja sokan nyabrang dalan dhewek ya, mengko didukani pak pulisi. Ngemut permen utawa nyabrang dalan didukani pulisi kuwe jan-jane gorong. Ningen nggo keslametane anak, nglomboni kuwe dora sembada”, kaki Demang nerangaken.
 
“Iya Ki Demang inyong paham”, Lik Gonang nyauri karo manthuk-manthuk mbeneraken critane ramane.
Lik Gonang, blakasuta utawa cablaka kuwe jimate wong Banyumas. Jimat sing kudu diuri-uri, jimat sing kudu disimpen primpen nang njroning ati. Nyambut gawe apa bae, nglakoni dadi apa bae, blakasuta lan cablaka utawa jujur, basa kayangane transparan utawa akuntabel, kuwe jan dadi pawitan sing gedhe. Negarane dhewek kuwe rusak merga akeh pejabat sing ora jujur. Mulai sekang tataran paling endep, nganti tataran paling dhuwur, akeh sing pada ora jujur. Sing jenenge KKN (Koruosi, kolusi, nepotisme) kuwe pegawean sing ora jujur. Wong Banyumas kuwe blakasuta, cablaka utawa jujur. Mulane nang negarane dhewek, akeh wong Banyumas sing pada dadi penggede lan dipercaya rakyat.
Nganti sekiye, sing jenenge  apa kuwe, tim pemberantasan korupsi, dipandegani dening wong Banyumas, yakuwe Pak Kuntoro Mangkusubroto. Jaman Pak Harto dadi presiden, ana menteri lan pejabat tinggi negara sing asale sekang Banyumas sing cacahe nganti 7 (pitu). Mergane apa, wong Banyumas kuwe duwe jimat cablaka utawa blakasuta. Mulane ko ya Lik Gonang senajan mung kon dadi tukang sapu nang stasiun, ko ya kudu jujur.
Aja nglakokaken pegaweyan sing sipate subhat, apamaning haram. Subhat kuwe samar-samar ning wis perek karo nglomboni. Ningen angger haram kuwe wis  genah, pegaweyan sing ora jujur” kaki Demang aweh ceramah.
“Nggih Ki Demang inyong paham”, ujare Lik Gonang nyengir.Klilan…..
Dening: TriRasman   
De kirim dening:Demang Papeling