Makna Desa Nang Purbalingga

7
437
selamat datang purbalingga
Jumlah Kecamatan nang Purbalingga, 18 Kecamatan. Terbagi Jumlah desa 224 Desa , lan jumlah kelurahan 15 Kelurahan .
Kabeh jeneng Desa lan panggonan mestine nduwe teges lan makna werna-werna. Ana sing lucu, ana sing unik lan ana uga sing duwe ciri khas daerah kuwe..
Jajal mayuh pada mbahas bareng makna jeneng desa utawa panggonan nang Purbalingga. Nek ngerti malah karo sejarahe kenangapa dijenengi kuwe?
Tek wiwiti sekang Nyong dimin ya, nek maknane bener kuwe ndilalah anu
Kebeneran bener, tapi nek Salah?..tulung debenerna ya :

GEMURUH
Dedeleng Sekang tembunge, jeneng kiye mrinding lan medeni
Sekang jenenge bae wis bisa dinilai, mesti daerah gemiyen
akeh bledeg…
Mulane wong gemuruh kupinge pada kandel-kandel,
Nganti siki daerah Gemuruh akeh bledeg,
Mulane wargane wis biasa pengeng.

KEDUNG MALING
Derah kiye melu desa Jetis, Kemangkon, Purbalingga
sejarahe jere gemiyen maling/gentho padha ngumpule neng
daerah kono,
daerahe neng pinggir kali Klawing….. …..
MEWEK
Melu Kec. Kalimanah, Purbalingga
Jere sejarahe, gemiyen angger ana wong sekang kota
Purbalingga balike kewengen,
angger lewat daerah kuwe, ana suara wong lagi
nangis/mewek2.
Biasane nek krungu suara kuwe wonge dadi mlayu kewedinen
BANCAR
Melu Kec. Purbalingga
Dejenengi Bancar , critane daerah kono terkenal akeh
tukang ban kawit jaman landa,
Bancar. ban=roda, car=mobil. dadi, nang bancar akeh tukang
tambal ban mobil….
KUTABAWA
Melu Kec.Karangreja, Purbalingga. ……
angger de Transtool dadi inyong ora nggawa…… …
Mbuh de gawa sapa kuwe…….. .mbuh degawa Mas Kasirin
ndeyan,
sing jelas, tegese inyong ora nggawa (KU TA BAWA)..
KEMBARAN
Nang Purbalingga, ana Kembaran Wetan Kec. Purbalingga,
Trus siji maning Kembaran Wetan Kec.Kaligondang.
Nek kiye jelas, dejenengi wetan karo kulon merga nggo
menghindari
Salah faham mulane jaman gemiyen wargane pada sepakat
Sing wetan jenenge Kembaran Wetan, Sing Kulon jenengi
Kembaran kulon
BAKULAN
Nek ora salah melu Kec,Kemangkon
dijenengi bakulan mungkin gara2 akeh bakule,
tapi dong inyong dolan nganah, kayane sing tek temoni
wonge lagi padha nggarap sawah…. dadi wong tani?.(salah
jeneng ndeyan)
KARANG JENGKOL
Melu Kec.Kutasari
Konon daerah kiye , Critane Ana jengkol sing tukhul nang
watu karang
mulane dijenengi karang jengkol.
JOMPO
Melu kec. Kalimanah
Nek menurut jenenge kudune daerah kiye khusus nggo simbah2
thok…
tapi kena ngapa wong enoman padha ngeyel urip neng kana
ya?…
SUMAMPIR/SEMAMPIR
Melu Kec. Karang Moncol
Daerah kiye konon neng nduwur lemah terus,
masalaeh semampir/tergantung terus sie??.
(ujare semampir nang planthangan jemuran, ndeyan)
MELAYANG
Melu Wilayah kec. Kaligondang
Pancen bener, daerah kiye daeraeh dhuwur pisan ,
kota purbalingga keton dadine kaya lagi mabur (melayang)
KARANGTURI
Melu Kec. Kutasari
Konon daerah kiye, kawit gemiyen nganti siki akeh wit
turine…
KARANG NANGKA ?
Melu Wilayah Mrebet , Purbalingga
Konon daerah kiye terkenal daerah penghasil nangka,
Nek siki blas langka tanduran nangka.
METENGGENG
Melu Kec. Kutasari.
Miturut wong kuna, daerah kuwe kumpulane mbekayu2 sing
lagi meteng (hamil)
dadi di jenengi METENG GENG….
CANDIWULAN, CANDIMAYA, CANDINATA
Lah kiye termasuk aneh yakin, …….. kayane salah sing
gawe jeneng ndeyan
kayane blabar pisan ora nana candi neng kana.
GEMBONG
Sekang jenenge, yakin medeni pisan mbok?..hehehehe? ..
Daerah kiye konon gemiyen panggonane wong22 terkenal,
Tapi sayange terkenal dalam hal negatip….
SUMUR BANDUNG
Melu wilayah kec. Kaligondang
Konon daerah kiye jaman gemiyen langka sumur siji?a,
Wektu kuwe ana salah siji warga, pertama nggawe sumur,
Warga kuwe, konon anu perantau sekang mBandung..
Mulane nganti siki terkenale Sumur bandung
BRUGMENCENG
Konon Brug kiye, Insinyure Wong landa jamane njajah.
Pancen bener, Brug kiye posisine menceng,
Mulane nganti siki de arani Brug Menceng
SILAPAR
Melu kec. Kaligondang
Konon critane, warga desa kiye wonge rosa mangan,
Nek mangan ora tau wareg2, deneng si lapar baen??
GANG BLENTUNG
Wilayah kiye, melu Purbalingga wetan
Jaman gemiyen Purbalingga esih duwe jeneng Galuh Purba,
Purbalingga bagian lor isine rawa-rawa.
Mulane angger udan blentunge pada moni, tang tung tang
tung…
KEMBANGAN
Wilayah kec. Bukateja
Nek kiye mandan cocog antara jeneng karo kahanane siki.
Kembangan siki dadi daerah pemroduksi kembang melati sing
dienggo nggawe wedang teh.
KRAMAT
Melu Kec, Karang Moncol
Sekang jenenge be wis keton,
Daerah kiye, daerah ora sembarangan alias daerah
keramat…
nek de transtoll kramat dadine magic.
KARANGMANYAR
Wlayah kec. Kalimanah
Daerah kiye critane pertaniane maju pisan, kaline isine
wadas thok
gemiyen akeh manuk manyar sing mencrok neng karang
ndeane……
MAKAM
Desa kiye Tempat panggonane Kelahiran Q-Carik Wahyu,
Wuuih….sekang jenenge be wis menunjukan nek daerah kuwe
ana makam/kuburan. ..
tapi mbuh makam-e akeh apa ora..inyonge rung tau nganah..
Jajal takon bae karo kang Wahyu.
SELABAYA
Melu Kec, Kalimanah
Jaman landa gemiyen, panggonan kiye tempat pelarian wong2
sekang surabaya.
Wektu kuwe pemimpine kan mandan cadel,
dadi nek ditakoni saking pundi? Jawabane sulabaya..
REMBANG
Desa kiye nganti siki terkenal pisan, merga nang kono
tercatat sejarah Lahir pak Sudirman.
Wong2 daerah QY senenge numpak angkutan Micro Bus sekang
Purbalingga. Nek agepan mudun mesti ngomong ming kernete : ”
Rem…bang.. …Rem… bang….Rembang. ….” (Maksude direm dong bang).
Dadi daerah sing diuduni neng wong2 kiye dijenengi REMBANG…
Nek ana luput, inyong njaluk ngapura
Matur Suwun, mangga dipuun tambaih???..
Tukang Ngarang,
Ali.s