Inyong arep cerita nganggo bahasane pengiyongan utawa bahasa ngapak.Cerita ngapak kiye anu cerita seputar kegiatane PAPELING. dina Minggu, 10 Juli 2011, PAPELING Korwil Jakarta Barat nganakna pertemuan anggota ning Perguruan Muhamadiyah Slipi, Jakarta Barat. Pertemuane semanger banget merga anggota sing pada rawuh akeh, kurang lewihe ana sewidak wong. Acarane katon mentereng merga persiapane katon mateng. Sound system lan uga projector ya wis kepasang, pokoke modern lah. Angger gelem narasumber bisa langsung presentasi kaya dosen sing lagi ngajar, utawa kaya kaum profesional sing lagi mempresentasikan produk utawa layanan.

Giliran acara terakhir ya kuwe ramah tamah, ujug-ujung sekang mburi ana anggota sing pada nggawani bungkusan kado gede-gede, terus di delah ning ngarepan. Bar kuwe, Kang Hasim(Ketua KorWil Papeling Jakarta Barat) karo mbekayu Nur Ngatikoh(Anggota Papeling KorWil Jakarta Pusat)diundang kon maju maring ngarep.Wong loro kue Jebulane wis umah-umah utawa mbojo…. Mergane kaya-kayane mandan isin, arep ora gelem, tapi akhire ning kanca batir anggota Papeling, Kang Hasim di gotong digawa maring ngarep ngadeg jejer karo mbekayu Nur lan Kang Roil sing mandu acarane. Kang Roil ngaturi Kang Slamet, Kang Widhi lan Pak Budhi kon nyerahna bingkisan kado maring Kang Hasim lan Mbekayu Nur sekalian aweh selamat.
Tek Deleng-deleng, janjane kayane perasaane Kang Hasim lan Mbekayu Nur mandan merkabak. Merkabake ora merga wedi utawa khawatir, tapi merkabak saking bungahe, lang terharu karo kepeduliane batir-batire ning Papeling. Pendongane kabeh, muga-muga Kang Hasim karo Mbekayu Nur dadi keluarga sing sakinah,mawadah lan wa rahmah. Diparingi putra-putri sing di restui bumi, migunani tumprap nusa, bangsa lan agama. Pak Budi, dalam sambutane kosi matur, kiye Papeling nembe setengah tahun wis ana hasile ya kuwe mantu Kang Hasim karo Yu Nur.Semono bae ya inyong goli cerita ngapak.
Matur nuwun (ngapurane ceritane kurang nylekamin)



















