Semangate warga Purbalingga sing merantau ning luar kota karo seni budaya lan panganan khas Purbalingga ternyata ora luntur lan ora ilang. Kanggo nguri-uri budayane Purbalingga, Paguyuban Perantau Purbalingga (PAPELING) arep nganakna “GELAR SENI BUDAYA dan KULINER PURBALINGGA” sing bakal dilaksanakna Dina Minggu tanggale 30 Juni 2013 ning Aula Cut Mutia, Bumi Perkemahan Cibubur.
Kanggo gambaran, ning acara kuwe mengkone arep digelar karnaval utawa pawai sing peserta pawai nganggo klambi sing rupa-rupa sesuai karo profesi sing ana ning Purbalingga. Lan uga peserta pawai nggawa peralatan sing biasa di enggo sesuai karo profesine. Lan kanggo napak tilas pejuangane Jendral Sudirman, sing laire ning Desa Bodaskarangjati, Kec. Rembang Purbalingga, warga PAPELING uga arep nampilna kepriwe perjuangane Bapak Jendral Sudirman. Kuwe sekelumit gambaran acara Gelar Senine.
Kanggo gambaran Gelar Kuliner Purbalingga, ning acara mengko bakal dianakna lomba kuliner Purbalingga sing bahan-bahan panganane nganggo boled. Peserta lomba kabeh wong PAPELING sing mewakili 9 korwil ning JABODETABEK. Insya Allah, acarane semanger banget. Dadi mayuh sedulur pada di rawuhi lan di rameni acarane dhewek. Matur suwun.




















