Sapa sing ora ngerti kota Purbalingga ,angger wong takon Purbalingga kuwe ngendi ya ?
Angger njawab,”rika ngerti Owabong ??? rika ngerti Sumanto Kanibal ??? kuwe anane neng Purbalingga.
Purbalingga kuwe kota sing kebek apa bae ana sekang Wisata,Musik lan Budaya
Garep golet wisata sing adem ?? manjat bae maring Kebun Strobery,garep jiplonan ana neng Owabong , uga ana Alun-alun sing neng tengah kota lan akeh liane sing urung tek sebutna kabeh kebek ana neng Purbalingga .
Rika garep nyambel ana karang cengis,karang kemiri, lsp
Rika garep ngrungokna lagu Campursari “Dedy pitak” garep ndangdutan ya ana “Purwasari” lan ana sing kanggo anak muda Band “SAISOKU”.
Ananging aja klalen sedulur, Purbalingga siki wis terkenal Guyube .Neng ndi papan rika bisa ketemu sedulur Purbalingga ya kuwe merga melu PAPELING
Angger wis melu apa kuwe PAPELING, Rasane jaan kaya lagi kumpul karo sanak sedulur.
Papeling kuwe dudu bendera pulitik,dudu calon Bupati ningen bisa gawe contoh maring pemerintah,wis akeh kegiatan sing manfangate gedhe pisan kanggo warga purbalingga.
Gumun keliwat gumun Papeling kuwe guyube dudu neng perantauan thok ning angger pada bali maring desa ya cokan endong-endongan.
Mula kabeh inyong lan rika kudu Mongkog utawa bangga karo purbalingga,maring kota sing maju pembangunane,maring kota sing kebek wisatane ,maring kota sing Guyub wargane
Maju Terus Papeling, Maju Terus Purbalingga.
Nb: Warga Korwil JakPus (Arjuna Ireng).




















