Beranda Blog Sedekah Kanggo Bencana Alam

Sedekah Kanggo Bencana Alam

0
230
Cerita Ngapak:Sedekah kanggo Bencana Alam

Rebo esuk wulan Februari 2012 Lik Gonang olih kabar sekang Demang Papeling, yen nang Purbalingga lagi ketaman bencana alam sing ndadekaken sebagian wargane ana sing ngalami kecilakan. Paling ora ya ana umah sing ambruk, njuran ana wargane sing tatu lan digawa maring rumah sakit. Lik Gonang melu prihatin.
Nurut Kaki Demang, jere monge warga Purbalingga sing nang paran kon bareng-bareng ngumpulaken dana utawa gampange sedekah, kanggo desumbangaken maring warga sing lagi kenang musibah.

Lik Gonang atine melu kecucuk. Men keriye baen wong sing lagi kenang musibah kuwe sedulur inyong padha. Inyong rika tah lagi nang paran utawa perantauan sing sekang bumi Arsantaka. Lha sing lagi kenang musibah kuwe mbokan sedulur inyong rika kabeh. Mbok menawa sing kena musibah kuwe wong tua inyong rika, kakang, mbekayu adhi apa anak keponakan. Pokoke sedulur tunggal welad, utawa sedulur tunggal getih, padha-padha wargane Ki Arsantaka. Iya mbokan.

“Lik. Inyong olih kabar sekang Purbalingga, jere Purbalingga kenang musibah bencana alam”, takone Darno, asli Karanganyar sing sekiye dadi sep sepur nang setasiun Depok.
“Lha genah kiye miki inyong tembe olih kabar sekang Demang Papeling. Malahan, demange kirim nomer rekening kanggo sapa baen warga Papeling sing arep melu sedekah kango sing lagi kenang musibah”, ujare lik Gonang.
“Rika arep kirim sumbangan apa ora lik”, takone Darno mandan ndedes.
“Darno, inyong kepengin nyumbang, ningen ya kuwe, inyong mbokan ora duwe rekening. Ingatase dadi tukang sapu nang stasiun, sing jenenge nyelengi nang bang mbokan ya kaningaya temenan. Boro-boro dicelengi. Saben wulan ora celeng ben wis matur nuwun”, ujare Lik Gonang.

“Ningen rika mbokan ya nduwe krenteg arep nyumbang lik, mengko bisa detitipaken mareng kanca batir apa tangga”, pratikele Darno
“Sing jenenge sedekah utawa nyumbang, kuwe mesti, kanggone inyong kuwe wajib, apa maning sing dadi kurban isih getih daginge dhewek nang Purbalingga. Kiye Darno, inyong wingi tes olih rejeki, ana sing ngodekaken ngawa barang maring ITC Depok, lha kiye duwite”, Lik Gonang ngulungaken duwit eketan ewu maring Darno sing nang stasiun dadi tata usaha. “Inyong titip kiye melu dekirim, muga-muga teyeng kanggo mbantu, senajan sethithik ningen inyong ikhlas”, sambunga Lik Gonang.

“Sing penting pancen ikhlase. Pokoke sethithik-sethithik angger dekumpulaken tuluhdadi akeh. Mengko sedela maning inyong arep maring bang, ngirim maring nomer sing dekirimaken sekang Demang Papeling” Darno ngomong karo ngulungaken bungkusan sega. Jere monge mau ana dhayoh, ningen sega bungkus sing detuku luwih akeh tenimbang tamune. Mulane lik Gonang sing lagi nyapu melu kebagian. Kesuwun.

Sore-sore, darno marani maning maring Lik Gonang karo ngulungaken struk bang. Jere monge, sewise ketemu karo Lik Gonang, Darno terus muter maring kanca-kanca sekang Purbalingga terus maring kanca liyane sing peduli maring babagan kemanusiaan. Ora akeh sing kumpul, ning ya lumayan. Jere Darno duwit sing kekumpul ya kena nggo tuku semen apa beras nggo mbant madhang.
Mayuh sih dulur, bantu warga sing lagi kenang musibah. Muga-muga Gusti Allah ridla sedakah inyong-rika padha. KLILAN.

Cerita dening:Tri Rasman,
Dikirim dening: Demang Papeling.