Beranda Blog Papeling Nonton Bareng Acara Bukan Empat Mata (BEM) Trans-7

Papeling Nonton Bareng Acara Bukan Empat Mata (BEM) Trans-7

4
298

KEPROK alias tepuk tangan kuwe mertandakna ana rasa seneng neng atine wong sing keprok kuwe mau. Ana tontonan musik, seliyane penonton akeh sing padha ‘goyang’, mesti uga akeh sing padha keprok merga seneng kuwe mau.


Warga Papeling nalika dina Kemis bengi Tgl. 2 Juni 2011 jam pada nonton bareng acara BUKAN EMPAT MATA (BEM) Trans-7 sing depandu nang Mas Tukul Arwana. Jumlaeh kira-kira 50 anggota, warga Papeling pada dandan sing wadon ayu-ayu lan sing lanang gagah pisan lengkap karo seragam Papeling, persis jam 20.00 bengi wis pada siap nang ngarep gedong TransTV. Padalah acarane nembe mulai jam 21.45 wib.


Ndeleng susanane ketone kabeh warga papeling pada bungah pisan, jumlah 50 wong kabeh njagong nglekor nang ngarepe mas Tukul Arwana, sing njagong kursi warna abang,    Lah…Kewilang bae mba VEGA DARWANTI lan mbak CHINTYA SARI nggone nganggo busana apik pisan (ora kaya biasane busanane sexy ).

Tema acara BEM “CAMPUR SARI” plus bintang tamu sing cantik jelita KIRANA LARASATI, INUL DARATISTA, DIDI KEMPOT, lan NUNUNG (ex-Srimulat). Warga Papeling meh kabeh seneng pisan, sedawane acara BEM keprok terus karo ngorong-ngorong :
BUKAN EMPAT MATA……….
KEMBALI KE LAPTOP…………
RE…….RE……….RENALDI…………
Lan liya-liyane

Pancen temenan nonton langsung TUKUL ARWANA, ndeleng polaeh tingkahe lang ngomonge merguyokna pisan. Mestine ora sing nonton langsung BEM thok, Sedulur papeling liyane sing nonton nang teve mestina ya melu ngguyu, termasuk Warga Purbalingga sing nang ngendi paran mestine melu bungah, mergane Mas Tukul nyebut Purbalingga ping kopang-kaping.

Saben Tukul Arwana nyebut Purbalingga, mesti keproke seru banget alias Gotot,
Lan Tukul ngalem Purbalingga terus, mulai sekang kemajuan Pembangunane, Kemajuan Wisatane, Jere bupatine hebat, lan ngacungi jempol terus maring warga papeling sing pada nonton bareng BEM nang TransTV. Pokoke kena domongna, kabeh apik. Ora nana sing ala. Hehehee….

Warga Papeling, kena dearani cerdas pisan. Lah ora cerdas kepriwe, nang sela-sela jeda iklan, de manfaatkan Nggo nyanyi nang Panggung, Njoged nang Panggung lan de manfaatkan nggo foto-foto karo Tukul Arwana, lan uga foto-foto karo bintang tamune. Jhane pada mbatin, Kapan maning foto karo artis, Mumpung ana kesemptan. Hehehehe………….

Wektu pas jam 24.00 wib, acara rampung. Ya temenan boro-boro bisa foto-foto bareng artis, sewise bubaran acara BEM ya metu ming njaba studio. Methune ruangan, dalane beda-beda.

Semene dimin crita kahanan suasane nonton bareng BEM. Moga-moga sewise acara kuwe warga Papeling tetep kompak, tetep guyub. Trus mbokan ana nonton bareng acara televisi liyane, Nek bisa gantian. deatur sing tertib, sing adil, dadine bener-bener kompak lair batin. ora kur gebyrar thok.

Matur suwun, Kepareng
Ali Safrudin

Nb:
Admin Blog:Kanggo sing pengin weruh album foto-foto liane Klik bae ning kene yah?