Lik Gonang lagi njagong leyeh-leyeh nang lincak pring ngarep kontrakane karo ngrungokaken radio. Kebeneran sing desetel radio Samhan nang Duren Sawit sing lagi siaran Banyumasan. Penyiare sapa maning angger dudu mbekayu Sari Jumali sing dhenok dheblong.
“Sedulur-sedulur, aja kelalen, ngesuk minggu ana acara Banyumasan nang Taman Mini. Aja kelalen pada teka ngramekaken acara. Tontonane ebeg, lengger Kampi sekang Banjarwaru. Ngawa dhuwit sing akeh, jalaran panganan sekang Banyumas digotong pepek renek maring panggonan acara. Ana sroto Sokaraja, gembus, mendoan, ciwel, pecel, lanthing, gethuk, grontol, buntil, cethil lan liyane”, ujare mbekayu Sari nalika siaran.
Dina Minggu esuk, Lik Gonang ngetepet maring Taman Mini, kebeneran Lik Gonang pancen lagi prei ora nyambut gawe. Senajan mung dadi tukang sapu nang stasiun, ningen kayane koh eman-eman angger ora nyambut gawe seliyane dina prei. Pancen deakoni, bayaran dadi tukang sapu ora sepira. Ningen meh saben ndina ana baen wong sing sokan kongkon tuku sega, kopi, terkadang manggul beceran, kena nggo tambahan, malah kadang lewih gedhe tenimbang bayaran mingguane.
Tekan Taman Mini, acara hiburan wis mulai. Ebeg Purbalingga wis janturan nang latar, nang sisih njero, bakul panganan wis mrapag nang sisih ruang acara. Nang ruang acara, lengger sekang Banjarwaru mulai nganggo tabuhan calung, semanger.
`Lagi enak kepenak nyruput Sroto, Lik Gonang kaget weruh rombongan bocah nom mlebu maring panggonan acara. Nganggo klambi seragam kaya seragame sales motor apa sales pulsa telepon seluler, LikGonang ora pati paham. Ning bareng deparani, nang dadane para nonoman mau ana tulisan Papeling. “Lha bakul apa maning kiye mlebu maring acara Taman Mini. Apa dodol panganan apa dodol jamu”.
Lik Gonang tembe paham bareng pembawa acara nang panggung nyebutaken yen ana dhayoh sekang Paguyuban Perantau Purbalingga sing decekak Papeling. “Ooo Papeling kuwe paguyuban sekang Purbalinga, padha karo inyong, ningen inyong durung wawuh. Ya merga kurang gaul, maklum nyambut gawe nang pojok stasiun”, batine Lik Gonang.
“Nepangaken inyong Endro sekang Karanganyar, rika sapa sekang endi” takone nomnoman karo ngejak salaman.
“Oooo inggih, kula Gonang sekang bumi Arsantaka”, lik Gonang nampani salame salah siji nomnoman sing teka gemrudug, Lik Gonang dadane melu bombong weruh anggota peguyuban sing asal sekang iring wetan gunung Slamet.
Lik Gonang kemutan, tau melu paguyuban Kulabangga sing asale uga sekang Purbalingga, diketuai nang Pak Purbadi. Melu Kerukunan Keluarga Banyumas (KKB) sing uga deketuai nang PakPurbadi.Lha sekiye ana Pepeling sing ketua Dewan Pembina apa penasehate ya Pak Purbadi. Seliyane kuwe Lik Gonang sing demen ngrungokaken radio uga melu nang Paguyuban Pendengar lan Penyiar Radio Banyumasan (P-3RB) sing deketuai nang Kaki Sutardi Pasar Minggu. Uga dadi paguyuban anake KKB.
“Inyong pancen seneng kumpulan, apamaning pada-pada nang paran, dadi akeh sedulur. Senajan nyambutgawe mung dadi tukang sapu nang stasiun, ningen angger akeh kancane, seneng silaturahmi, kayane ya slamet. Jere monge silaturahmi kuwe nambah seduluran, nambah rejeki, nambah umur, lan dingapura salahe dening Allah. Nyambut gawe mbokan mung kango dalane rejeki. Angger akeh kanca, tegese tulih akeh sing prentah kuwe tegese rejeki”, batine Lik Gonang.Klilan….
Dopokan Lik Gonang
Dening Tri Rasman



















