Beranda Blog Darno Sedekah Terpaksa

Darno Sedekah Terpaksa

1
344
Sedekah
Siji maning kiye ana artikel cerita ngapak sing arep tek posting.Artikel kiye inyong olih njukut sekang nggone Kang Ali…
Ceritane kaya kiye sedulur….

Kedadian lagi sholat Jum’at nang mesjid Akbar Kemayoran, Ana bocah lanang nganggo klambi dasian gagah pisan jenenge DARNO
Njagonge sila nang barisan tengah, mergane hawane silir-silir dengat-dengut  karo ngantuk-ngantuk ngrungokna Khotbah Jum’at.
Lagi enak-enake ngantuk, ana kotak amal / kenclengan liwat nang ngarepe Darno, langsung spontan
Ngrogoh sak mburi celana , dopmete detokna terus mbukak dompet ngetokna duit ewuan (Rp1000) kanggo sedekah… 
 Darno langsung nyemplungna duit meng kotak amal,  karo nutupi tangan kiwene.
Critane karo mbatin “ Nek tangan tengen aweh, tangan kiwe kudu ora olih ngerti” Cieeeh…
Darno ijig-ijig kaget, mergane ana bapak-bapak sing njagong nang mburine nyodorna duit atusan ewu (Rp 100.000).  Nang Darno detampani, terus langsung  delebokna maring Kotak amal, Bapak kuwe karo mesam mesem keton ramah pisan.

Sewise kotak amal liwat (biasane mlaku dewek  estafet), si bapak – bapak kuwe menepuk pundake Darno, karo matur  “Nak, uang tadi itu jatuh dari sakumu”. Darno langsung mlongo…..