Beranda Blog Bocah Siki Gelis Tua

Bocah Siki Gelis Tua

0
736

EMBUH sebab apa, ning nyatane bocah-bocah siki padha cepet
tua. Umure tah esih enom, ning polahe akeh sing wis padha
plek karo wong-wong tua umume.
Umure tah esih umur-umur SMP-SMA/SMK/ Mahasiswa, ning
wujude akeh sing persis wong tua, rambute uwan thok,
dhengkule padha kropos kakehan kelon nakal, bocah wadon
akeh sing susune padha kopyor geyar-geyor kendhor.

Mulane aja gumun menawa pelawak Banyumas, Suliyah, sering
parikan Pitik Cilik Wetan Kebonan, Esih Cilik Doyan
Kelonan he..he..! Sewalike, wong-wong tua, siki ya akeh
banget sing ora gelem diarani wis tua. Tua-tua Keladi,
Makin Tua Makin Nggilani. Anu wis duwe putu, rambute
disemir wungu gowok, kathoke jeans ngapret mlorot, mulane
angger mbonceng motor-pit belahan bokong nduwur katon
njlirit, asyik !

Tante genit tambah akeh jumlahe. Ning sebab kaya kuwe,
dunya dadi katon tambah rame, sumringah, dinamis, lan
nyenengna mata. Sing bocah polahe kaya wong tua, wong-wong
tua polahe kaya bocah enom.

Dadi angger ndeleng dunya jaman sikiye, utamane neng
terminal kota, stasiun sepur, bandara, mall-mall, gedhong
bioskop, jan akeh banget wong sing nggaya.
Dideleng enak neng mata, dadi ngajog tua he..he..!
Ana lagune sing jere moni kaya kiye : Iwak kebo enak, iwak
sapi enak, iwak kadhal kayel-kayel. Iwak wedus enak, iwak
ayam enak, ayam kampus kanyel-kanyel.
Pancen alam modern kuwe ndadekna wong-wong padha ngertian,
lantip trengginas, utamane cerdas neng babagan informasi
kebangsatan (dudu kebangsaan).

Bocah-bocah siki wis padha nyandhakan neng soal-soal
primpene wong tua.
Babagan kelonan ngasi dhadhane arep padha njeblug, lambe
ngasi ndower, jaman siki kuwe wis dudu monopoline
wong-wong tua sing wis padha nikah thok.
Bocah SMP siki ya wis padha nglakoni urusan jerohan saru
sing kaya kuwe.
Tesih bocah SMP baen wis padha cerdas seksual, apa maning
bocah SMA lan
mahasiswa wow???.kawin yes, nikah nanti dulu he..he..!

Angger jaman Gemiyen njukute informasi lan ajaran sekang
kanca lan guru sekolah-sekolah thok. Mulane wujude
informasi kuwe ya babagan sing bisa kanggo nyenengna ati
tekan alam akherat. Bocah padha ngaji, nggolet ilmu sak
uwise jamaah sholat Maghrib tekan Isa. Esuke olih
informasi kanggo keselamatan dunya lan akherat maning neng
sekolah-sekolah.

Tapi angger jaman Siki, arep kulak informasi apa baen ora
cukup menawa mung sekang Masjid, Gereja, Klentheng Pondok
Pesantren lan sekolah-sekolah thok. Malahan merga
informasi sekang liya-liya media luwih gencar, kayata
sekang radio, teve, telepon, faxsimile, internet, koran,
utawa VCD-DVD, mulane masjid-masjid, gereja-gereja, sepi
kegiatan bocah enom.

Wong-wong siki kuwe akeh sing nganggep menawa mlebu masjid
urusane wong tua sing butuh sangu mati thok. Bocah
cilik-enom-gedhe- methukel- kenyes-kenyes- lemu-gering- empuk-kemlothak
balung thok kuwe ?krasa gaul? menawa pinter SMS saru,
nginternet situs porno he..he..! Sing jelas merga selot
akeh bocah-bocah padha cepet tua, mulane akeh berita Lamar
Keri Meteng Disit (LKMD), bocah manak bocah, esih SMP
meteng.

Bocah durung teyeng nggolet duit (merga esih
sekolah) wis kudu mbojo merga pacare meteng.
Mumet durung ngodhe, nginum ciu, mabok, ngamuk, nodong,
njambret, ngrampok. Walikane, merga kemajuan jaman, akeh
Ibu Ibu Seger (IIS), bapak-bapak Metroseksual. Angger
bubar kerja, akeh hotel kebek short-time kanggo keperluan
bapak-ibu gatel selingkuh indah, Bobo Bobo Siang (BBS).
Ngati-ati !
Kewenangan kapok Lu.. he..he

Wissssssssss tah, bocahhhhh bocaaaaaaaah? .. sing salah si
bocah apa wong tuwane yah?
Jerene Ebiet, kon takon maring suket sing pada ngibing,?.
(Tanyakan rumput yang bergoyang) apa tumon si?.

Sampai Ketemu nang cerita sejen maning.

Dari alis@cbn.net.id